Minggu, 16 Desember 2012

Wala..This is My Scenario of My Drama..

Hei..Hei..Hei..sebenarnya skenario ini bisa selesai dalam waktu 2 hari tapi gara-gara aku males yaah jadi molor-molor deh..Ok tanpa pikir panjang inilah hasil karya saya yang terinspirasi dari novel "WAJAH BARU NIKOLAS"


PASURYAN ENGGAL ANGGA
Inspired by
Nama Kelompok:
Devi Novita                           (pro) sebagai Novita
Dini Novianti                        (ant) sebagai Vita
Dwi Lestari                           (pro) sebagai Dirlia
Dwi Murti Ningsih              (pro) sebagai Widi
Ika Rini A.                             (ant) sebagai Tasia
Kris In Mariana                    (pro) sebagai Feby
Lilies suharti                        (pro)sebagai Riri
Maulana Bayu Dewangga  (ant->pro) sebagai Angga
Muhammad Luthfi               (pro) sebagai Rio
Nurul Khikmah                    (pro) sebagai Regina
Reka Mulya                           (anta) sebagai Vitria


AWALE CRITA DIMULAI SAKA TKP………….

Setting:reka-reka ing kelas
Wektu iku jam pertama biologi,nanging gurune durung teka ana kelas.Nanging ora suwi guru biologi teka lan ana siswa anyar kang bagus.Novita sing awit mau gojekan dadi meneng sawise ndelengi siswa anyar mau.Novita penasaran sapa jenenge siswa mau.Akhire siswa anyar mau ngenalke jenenge ning ngarep kelas.
“Jenengku Angga,saka Jakarta”

Setting:Ing Kamare Novita
Novita kaget krungu siswa anyar mau jenenge Angga.Saking kagete Novita tangi saka turune.
Novita:haah..untung mung mimpi.tapi kok aku iso mimpi Angga napa ya?

Setting:Ing Kelas
(Novita sing bubar entuk mimpi mau mbengi,langsung crita ning kancane si widi,)
Novita:Aku kaget,kok isa ketemu karo Angga meneh,ning mimpiku sisan.Perusak mimpine wong wae.
Widi:Mungkin kuwi pertanda yen kowe bakal ketemu wonge maneh.
Novita:Ora mungkin.Si Angga kuwi saiki tinggale ana Jakarta.Gara-gara mimpi mau wengi aku malah dadi kelingan nakale wonge ning aku.
Dirlia:Kan kuwi peristiwane wis suwi.Mungkin saiki si Angga wis berubah.
Riri:Betul kuwi.Setiap wong kan iso berubah.
Widi:Wes..wes..berubah-berubahan malahan.Kuwi lho Gurune wes teka
Murid-Murid:Sugeng enjang pak.
Guru:Sungeng enjang.Dina iki dewe entuk kanca anyar saka Jakarta
(Siswa anyar mau mlebu kelas)
Angga:Sugeng enjang.Jenengku Angga,saka Jakarta
Novita: (Deg)Ga’ mungkin!
Widi: Ga’ mungkin napa nov?
Novita:Si Siswa anyar kuwi pada persis karo sing ana ning mimpiku.
Riri:Apa iya?coba mbok pastikake sek.
(Novita namati siswa anyaran mau awit teka nganti bel istirahat muni)
Dirlia:Piye nov?pada ogak?
Riri:Muga-muga wae orak
Novita:Orak apane?malah tak jamin pada 100%.
Widi:Tapi kandamu si Angga kuwi cilikane lemu,bantet,jerawatan.Iki kok bedha 180˚.
Novita:Mbuh…

Setting:Ing ngarep kelas
Tasia:Menurut awakmu,siswa anyar mau piye?
Avi:Ya Lumayan lah.Ora elek,lumayan bagus
Vitria:Napa awakmu nakoni siswa anyar mau?Apa kowe kepincut?
Tasia:Mung takon kaya ngono wae langsung dicurigani,apa meneh takon sing liyane?
Vitria:eh..eh..kuwi wonge lewat.
Tasia: (ngadeg kaya arep nyegat ing ngarepe Angga)Ehem..(ngulurke tangane)aku Tasia,dewe mau hurung kenalan ning kelas.
Angga:Oh,tapi wes ngerti jenengku to,Yen ora ana sing arep diomongke aku arep ning kelas meneh.
Tasia: (melongo)
Avi:Hah!!Wes?ngono tok?
Vitria:Angkuh banget wonge,apa gara-gara wonge saka Jakarta ya?makane dadi angkuh.

Setting:Ing Rumah makan
Regina:Kowe iki nopo tow Feb?kok awit mau wajahmu mbok tekuk kayak origami wae.
Feby:Piye wajahku kon orak kayak origami?Adiku sing saka Jakarta bali meneh ana ing kene.
Regina:Lho kudune kan kowe seneng soale adimu mulih.
Feby:Seneng?seneng apane sing ana bencana.
Regina:Lho..lho..lho…kudune iki kowe bersyukur duwe tunggal.Ora kaya aku,aku dadi anak tunggal ning omah,kadang hawane sepi.
Feby:Mending aku dadi anak tunggal.Adhiku iki sifate belagu,menang dewe,salah apa wae mesti tetep wae wonge sing bener.
Regina:Waduh yen ngunu yo bedo meneh critane.
Feby:Ah,rak sah mbahas wonge meneh,malah kesenengen wonge di omongi terus.
Regina:Yowes..yowes…Ombene kuwi di ombe sek ben adem atimu..

Setting:Ing restoran
(Sawise dina kuwi,Novita dadi kepikiran terus karo Angga sing biyen sering njaili ndeknen pas cilik)
(Novita janjian ketemuan karo kanca-kancane ning salah sawijining rumah makan cedak komplek omahe)
Novita:Ga’ mungkin..iki ga’ mungkin..paling kuwi Angga sing liya.Sing jenenge Angga kan ora mung ndeknen wae.aaaa…kok malah dadi mikirke ndeknen tow?
Riri:mikirke apa to nov?kok ngomong dewe ngalur-ngidul?
Dirlia:mesti lagek mikirke siswa anyar kuwi tow sing jare mirip jenenge karo kanca cilice.
Novita:ora kanca cilik,luwoh tepat diarani musuh cilik.
Widi:iya-iya musuh..musuh ing masa lalu,tresna ing masa depane..eh..
Riri lan Dirlia:hahaha-(ngguyu bareng)
Riri:ora aku sing ngomong pokoke.
Novita: (kesel crita malah diguyoni karo kancae,karo nyruput ombene sing mau dipesen)

Setting:Ing Omahe Angga
Suasana:Angga uring-uringan karo anak supire sing dianggep ora becus kerjane)
Angga:Apa iki?motor isih reged ngene ngongkon aku numpaki?sakjane kowe bisa nyuci motor apa ora?yen ora bisa nyuci ngomong ket awal.
Rio:Ampun den,memang kula sing salah.Kula njaluk pangapura.
Angga:Halah,memang kowe nek kerja ora tau becus.Pokoke ngko 2 jam meneh motorku kudu resik.(mlebu omah)
Novita: (ning ngarepan pager)Rio..Rio..
Rio:oh ya nov.(nyelehke gaweane)
Novita:piye Rio?sido ga’ ngancani aku?
Rio:eehmm..aku ga’ iso kayake nov,sorry soale aku dewe saiki digawe sibuk karo Angga.
Novita:Angga?Angga tenan wes bali?
Rio:Lho kan ndeknen sak sekolah karo kowe kan Nov?
Novita:Haah??berarti sing sak sekolah karo aku kuwi Angga sing senengane njaili dewe pas cilik?
Rio:Apa awakmu ora reti Nov?
Novita:Yowis yen ngunu.Mending aku bali wae.
Rio:Ati-ati ya nov.
(Angga sing krungu saka njero akhire metu marani Rio)
Angga:kok kowe ora ngomong yen Novita kuwi sak sekolahan karo aku?
Rio:aku kira aden sampun ngertos yen Novita sak sekolahan kalian Novita.
Angga:Yen aku reti ket awal aku bakal ngerjani wonge saka aku pertama ana sekolahan.
Rio:(mung bisa meneng)

Setting:Ing Perpustakaan
(Ning sekolah Angga wis nyusun rencana kanggo ngerjani Novita)
Angga:Hei Nov,isih iling karo aku tow?
Novita:Yo isih lah.Kowe kan siswa anyar ing sekolah iki lagek wae wingi perkenalan mosok aku bias lali.
Angga:dudu kuwi maksudku.
Novita:Lha piye maksudmu?
Angga:maksudku kuwi…ah dilalikake wae..
Novita:piye tow?cah aneh..
(Darlia sing ket mau meneng langsung ngomong ning novita karo ngempet ngguyu)
Darlia:ckckck-sukses ngerjani kowe.wah aktingmu patut diowahi piala oskar.
Novita:halah opo tow?lebay deh.tapi aku yo seneng bisa ngerjani ndeknen.

Setting:Ing Kelas
(Tasia sing mau ndelok keakraban Angga karo novita curhat karo uring-uringan ning  avi lan vitria)
Tasia:Apa iki?wingi aku ngejak kenalan apik-apik disengaki,saiki si Angga malah ngapiki Novita sing malah nyueki ndeknen.huft..
Avi:Apa tow?Apa?teka-teka uring-uring rak jelas ngono.
Vitria:Yen ngomong kuwi alon-alon aja kaya sepur bablas.
Tasia:Hah..kowe-kowe yow podo wae.ana kanca curhat malah dienyek..(langsung lunga metu kelas)
Vitria:lho piye tow maksude cah kuwi?
Avi:lamboh?teko rak diundang.ujugh-ujugh langsung lunga..
Setting:Ing Sekolahan
Situasi: (Amboko Sering gagal pas ngerjani Novita nanging ora Angga yen gampang putus asa)
(Saben dina Angga njaili Novita nganti Novita sedih amarga kesel dikerjani Angga tanpa sebab sing jelas.Nanging dina iki Angga wes keterlaluan ngerjanine)
Angga:kayak’e iki bakal dadi lelucon sing patut dike’i hadiah (karo ngowahi sambel lan nge’i kewan ana tase Novita).Ah wes bar..heemm…iki surprise sing bakal marake kowe syok Nov..

Setting:Ing jab akelas ameh mlebu ana jero kelas.
Riri:Ya Allah iki kok panasmen ya?
Dirlia:Iya Ri,sumpah miapah banget wes to…puanase..apa neraka lagek direnovasi ya?
Widi:Halah-halah,mung panas kayak ngene kok nyebut to ya ya…eh tapi kok ngomong-ngomong suwi-suwi hawane panas ya?
Riri:Halah…ngomongmu ngalur-ngidul..
Novita: (mung ngguyu karo geleng-geleng namati kancane.)
(Novita sing ngrasa ngelak amarga panas hawane njikuk ombenan saka tase,teka-teka novita njerit)
Novita:AAAAaaaaaa!!!!!!!!
Widi:Napa Nov?
Riri:Ho’o ana apa kok kowe nganti njerit?
Novita:kuwi..kuwi ing njero tasku..
Dirlia : ana apa tow(karo mbuka tase Novita).Owalah iki sih mung dolanane cah cilik.Iki ombemu,ngombe ndisik kowe ketok kaya wong lagi menggeh-menggeh.
Novita: (ngombe nanging ora suwi)HAAAaah…Apa iki?Pedes,Asin…The ku kok rasane dadi kayak ngene tow?
Widi:Apa meneh?
Riri:Iki mesti kerjaane si Angga.
Dirlia:Iki wes ora bias di maafke menenh..saben dina kowe dikerjani wae…Apa kowe ora jeleh tow Nov?
Widi:Dewe kudu nggawe perhitungan karo wonge!!(karo emosi lan ngepalke tangane kaya wes siap-siap njotos wong)
Novita:Uwes..uwes..ora usah digagas wonge palingo sedilit meneh wonge bakal jeleh dewe.
Riri:Jeleh apane?sing ana malah wonge malah sansaya keterlaluan
(Widi sing ora bisa nahan emosi metu marani Angga)

Setting:Ing Lingkungan Sekolah
*plak*(Widi nampar Angga)
Arga:Apa iki?maksudmu apa?
Widi:Maksud?Maksudmu apa njaili kancaku terus?Yen ora seneng karo Novita ngomong saka awal aja ngeneake wonge terus sakake..
Riri:Sabar Wid..Sabar…
Dirlia:Iya Wid sabar aja keburu karo emosi.
Widi:Piye kon aku sabar?Apa kowe ora mesakake kancamu dianiyaya karo wong iki terus(karo nunjuk Angga penuh emosi)
Riri:Iya aku reti.He’e sakjane ana masalah apa sih kowe karo Novita sakjane?
Dirlia:Kayakake Novita iya ogak tau njaili kowe.
Angga: (mung bisa meneng lan lunga tanpa ngomong apa-apa)
Widi:Lho wong kuwi….ih kesel aku karo wong kuwi..
(Riri lan Darlia mung bisa ngelus-ngelus pundake Widi kanggo nenangake wonge)

Setting:Ing Omahe Angga
Feby:Piye mau aku rada ora mudeng karo penjelasanne si Guru mau pas ing kampus.
Regina:Kepriye bisa mudeng?Lha wong kowene wae sms’an terus karo pacar anyarmu.
Feby:Hush aja banter-banter yen krungu wong ing omah iki piye?Aku bisa gawat.
Regina:Lho?Apa wonge hurung tau ngapeli kowe yen malem minggu?
Regina:Hurung..(karo ngguyu isin)
(teka-teka Angga lewat ing ngarepe Feby lan Regina tanpa salam )
Feby:Heh..Mlebu omah langsung nylonong wae tanpa salam..
Angga: ( meneng wae karo mlaku mlebu kamar)
Feby;Heeh…Angga….Hiiiiih…sebel aku karo wonge…kuwi..saiki kowe reti kan napa aku males yen wonge bali ana ing kene.
Regina:Sabar..mungkin wonge ana masalah ing sekolah.
Feby:Masalah?sing ana wonge sing nggoleki masalah..
Regina:uwes..uwes..ngono-ngono yo adhimu.
Feby:Chih..(karo masang wajah mbetatut)
Angga: (tinuju kamare Rio)Iki.(karo nguncalake buku tugas ing Rio)Garapake tugasku. Sing sisuk ditumpuk.
Rio:Tapi den aku iya sibuk negrjakake tugas saka sekolahku,hurung tugas presentasi lan..(hurung bubar ngomong wes disambung karo Angga)
Angga:Aku ora gelem ngerti pokoke gelem ora gelem kowe kudu nggarapake tugasku iki.(karo nggebrak mejo ing kamare Rio lan langsung metu)
Rio:Wong kuwi ora berubah.Tapi kenapa karo pipine ya?kok abang ngono?Ah rak usah tak piker,sing tak piker saiki piye ngerjakake prku lan pre si Angga sing padha-padha sak tumpuke.

Setting:Ing Parkiran sekolah
(sewulan luwih wes berlalu.Angga sing maune mung ngerjani novita mulai ana rasa karo Novita.Angga nduwe ide kanggo nyatakake cinta )
Riri:Wid,dina iki kowe ora ana acara tow?yen ora ana gelem ora ngancani aku dolan ana Gramedia
Widi:kayake ora ana.ehmm yow wis aku bakal ngeterke kowe tapi jam pira?
Riri:jam setengah 2.bubar bali sekolah langsung ning Gramedia
Novita:hayoo!!(karo ngrangkul Widi lan Riri)pada ngomongke apa?
Riri:kuwi lho si Widi pengen aku ngancani wonge ning Gramedia.
Dirlia:kok aku karo Novita ogak dijak?
Widi:Soale kowe-kowe kuwi awit wingi sibuk dadi aku ngajak sing ora sibuk.
(hurung bubar si Widi jelaske teka-teka si Angga teka)
Angga:Nov,intuk ngomong sedilit ga’?tapi mung aku karo kowe.
Widi:wah ketoke serius iki.Eh Dir,jare kowe ameh njajake aku karo riri ayo ning kantin
Dirlia:(dirlia sing mulai ngerti situasine mung iya ke wae) ok yok capcuss..
Angga:Nov,aku arep ngomong sesuatu karo kowe.
Novita:Apa?nek kuwi ogak penting mending ga’ usah diomongke.
Angga:kok njawabmu ketus to?Aku..Aku..
Novita:Aku..aku..aku apa?
Angga:Aku tresna karo kowe.
Novita:Heeh??Apa??sek kupingku mendadak kesumpelan.Kowe mau ngomong apa?
Angga:Aku tresna karo kowe(karo nada rada duwur)
Novita:Halah kowe paling mung guyon.Kowe arep ngerjani aku kaya pas dewe isih cilik tow?
Angga:Aku serius Nov.
Novita:aku ora bisa ngei kowe jawaban saiki.(ninggalke Angga)
Angga:Aku bakal ngenteni jawabmu nganti kowe ngei jawaban ning aku.
(Novita tetep mlaku ninggalake Angga,jantunge deg-degan.Nanging ora keduga si Tasia ndeleng kejadian Angga nyatakake cinta ning Novita.Atine panas,emosine muncak wis ora bisa dikendalike maneh.sing ana ning pikirane piye carane bisa nyingkirake Novita saka kehidupane Angga)

Setting:Ing Kelas
Avi:Masak?si Angga nembak si Novita?ora mungkin.
Vitria:mungkin kowe salah ndelok.
Tasia:ora mungkin aku salah ndelok.Aku ndelok kejadian kuwi saka awal nganti bubar.Atiku lara.pikiranku buntu ora bisa mikir apa-apa.
Avi:eehm.Aku nduweni ide.Aku nduwe kenalan peramal wonge mungkin bisa mbantu masalahmu kuwi
Vitria:patut dijajal kuwi Tas.
Tasia:(sumringah lan ana ide jahat sing mendadak muncul ing pikirane wonge.)

Setting:Ing Omahe Peramal
(Dina minggu Avi,Vitria lan Tasia nglancarake rencanane yaiku lunga ing peramal sing dicritani karo Avi)
Avi:taraa..wes tekan..
Tasia:dadi iki papan panggonane si peramal.yo wis nek ngunu langsung mlebu wae dewe.
Peramal:Ana keperluan apa Vi awakmu ana ing kene?
Avi:Ora aku mbak sing ana keperluan nanging kancaku iki sing butuh bantuan.
Peramal:Ow,mesti masalah wong lanang sing kowe tresnani tresna karo wedokan liya.
Tasia:iya mbakaku pengen reti piye carane ngusir si Novita saka sisihe si Angga.
Peramal:oh kuwi gampang.tunggu wae sisuk.Iki obat taburke ana ing panganan uga ombenan sing dikonsumsi karo wonge.
Tasia:iya mbak bakal tak laksanakake.
(bubar dikei obat karo si Peramal si Tasia langsung nglakokake aksine.Reka-reka tuku ombenan kanggo dikekake ning Novita ora lali ditambahi obat sing wis dikei karo si Perama)

Setting : Ing Lapangan Sekolah
Tasia:Nov,ketok’e kowe ngelak iki es kanggo kowe.
Novita :duh tas,ogak usah repot-repot aku bisa tuku dewe.
Tasia:ogak masalah kok.
(hurung sida ngombe,ombene wis disawut karo Angga lan diombe.Tasia lan Novita kaget)
Angga:heem..seger..matursuwun ya beb.
Novita:heh.aku hurung dadi pacarmu
Angga:tapi kan wis dadi calon.(karo mlaku ninggalke Novita lan Tasia)
(Tasia kebingungan amarga sing ngombe ora Novita nanging si Angga wong sing ditresnani karo Tasia)
Novita:sorry ya Tas,ombe sing mbuk kei malah direbut karo Angga.
Tasia:oo..o..ora popo.

Setting:Ing Omahe Angga
(ning omahe Angga ana kejadian aneh sing nggawe wong ning omahe Angga kaget)
Angga:Rio,mendadak sirahku kok ngelu ya?rasane abot banget.
Rio:Palingo Aden ora sarapan mau isuk?
Angga:mosok efek ora sarapan mau isuk lagek krasane saiki.kowe ki ya lucu.AAAAAAAAAaaa…Sirahku..
Rio:Den..den…sadar den…den…
(mendadak awake Angga berubah dadi kucing)
Rio:Haaah…Ga’ mungkin iki..(telpun Novita..)
”halo Nov,eneng sing aneh karo awake Angga”
Novita:Napa Rio?
Rio:”duuh,aku ogak bisa njelaske ning telpun,kowe mending ning omahe Angga saiki”.Haduh iki piye?oh ya aku telepun mbak yune den Angga
(tuuut…tuuut…)
Feby:”Halo?”
Rio:”Halo,mbak feby?”
Feby:”Iya Rio.Ana Apa?”
Rio:”Anu mbak anu…Angga mbak..”
Feby:”Anu..anu..anu napa?”
Rio:”Anu mbak Den Angga brubah dadi kucing..”
Feby:”Hah??cah kuwi dadi kucing?ngaco kowe Rio.”
Rio:”Iki ora ngaco mbak..kapan aku ngaco..”
Feby:”Tenan tow?yow wes neg ngono sisuk aku bali ana ing Semarang soale aku lagi ana urusan ning Bogor saiki..Yo wes ya..”(tut..tut..tut..)
Rio:yah dipedot malahan…ah…piye iki…(karo garuk-garuk sirah)
Novita:ok.aku saiki mrono.
Rio:duuh…iki piye…masak aden dadi kucing ngene.
Novita:Rio..Rio..
Rio: (mbukak lawang langsung nggeret novita)
Novita:Ana apa sebenere Rio karo awake Angga?
Rio:Angga Nov..Angga…Angga berubah dadi kucing (karo nduduhake kucing sing digendong karo Rio)
Novita:Iki?Iki Angga?Ogak mungkin lah..Hahahahahaha-
Rio:iya Nov..iki Angga..Mau wonge ngeluh sirahe jare laratrus teka-teka wonge dadi cilik lan mendadak dadi kucing.
(Novita namati wajahe kucing kuwi.yen ditamat-tamati memang mirip karo Angga,nanging Novita isih ora yakin yen kucing kuwi Angga)
Novita:trus?dewe kudu piye saiki?
Rio:Aku yo ora reti Nov.
Novita:Yow wis saiki mending dewe nggolek cara ben Angga bisa bali ning awake sing semula.

Setting:Ing Kelas
Tasia:iki piye Vi?
Avi:kowe yo ngono.kok bisa salah ngei.malah ombenane kowe kei ning wong lanang sing kowe tresnani.
Tasia:Aku yo ora reti bakal disawut karo si Angga.
(Novita sing kepikiran karo perkataane si Angga sing nyatakake perasaane ning awake lan kedadean sing aneh yaiku si Angga sing berubah wujud dadi kucing.Pikirane meendadak campur aduk dadi siji.Ing tengah-tengah kebingungane ndeknen.Krungu percakapan Avi lan Tasia masalah si Angga.Novita kaget lan nemoni wong loro mau)
Novita(gebrak meja)HEH!!dadi kowe tow dibalik kedadean aneh iki hah?
Tasia:ee..ee..orak ngunu maksudku Nov.
Novita:Trus apa maksute kowe-kowe kuwi.Saiki kei reti ning aku piye ngrubah Angga dadi wujud manungsane maneh!!
Avi:anu nov..anu…carane kucing mau didekep karo wong sing pada-pada seneng karo wonge.

Setting:Ing omahe Angga
(Novita tanpa piker dawa langsung ning omahe Angga lan ndekep kucing mau.Novita heran amarga ora ana reaksi akhire kucinge disemelehke ana jogan,Novita kaget bubar disemelehke kucing mau berubah dadi Angga)
Novita: Rio..Angga wis sadar…Rio…
Rio: Apa Nov?Lho Aden Rio?Kok wis berubah?Kok bisa Nov?
Novita:Critane dawa.Saiki jipukana banyu puteh kanggo Angga.
Angga:Nov,kok kowe bisa ning kene?Apa sebenere sing wes kedadean?
Novita:ora ana apa-apa Ngga..Aku mrene munga rep njawab apa sing kowe arepke wingi kae.Aku..Aku..Aku uga seneng karo kowe Ngga..
Angga:Apa?mendadak kupingku kesumpelan.(karo nirukake gaya ngomonge novita)
Novita:Aku uga seneng karo kowe.(nadane diduwurke)
Angga lan Novita tatap-tatapan karo senyum…
Feby:Lho kok Novita ana ing kene?Lho iki sebenere ana apa?Aku ketinggalan cerita apa ki?
Rio : (saka dapur) Wah mbak Feby ketinggalan akeh mbak..salahe ditelfon malah ditutup.
Feby: (mung clingak-clinguk karo penuh tanda tanya,sing liyane malah pada ngguyu ndeloki Feby)

-ENDING-